⚫ Negesi unggah ungguh basa.
1. Ngoko Alus, yaiku tetembungan sing nggunakake basa Ngoko lan basa krama.
→ Kagunaane kanggo :
- rembugan wong enom marang wong tuwa
- rembugan wong sak umuran sing padha ngajeni
→ Tuladha :
- ibu arep tindak
- bapak lagi gerah
2. Ngoko lugu, tetembungan sing nggunakake basa ngoko lugu kabeh.
→ Kagunaane kanggo :
- rembugan bocah sakpantaran
- rembugan wong tuwa marang wong enom
→ Tuladha :
- ibu arep lunga
- bapak lagi lara
3. Krama lugu, yaiku tetembungan sing nggunakake basa krama lugu kabeh.
→ Kagunaane kanggo :
- rembugan wong sing durung kenal
- rembungan wong sing wis kenal nanging durung kulina
→ Tuladha :
- ibu badhe kesah
- bapak saweg sakit
4. Krama alus, yaiku tetembungan sing nggunakake basa krama alus kabeh.
→ Kagunaane kanggo :
- rembugan wong tuwa marang anak
- rembungan wong sing drajate luwih dhuwur
→ Tuladha :
- ibu badhe tindak
- bapak nembe gerah
__________________
Pembahasan
Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 :
1. BASA NGOKO LUGU
yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.
→ Titikane :
- basane Ngoko kabeh
- ater ater lan panambange ora dikramakake
→ Panganggone :
- bocah sakpantaran
- wong tuwa marang anake
- guru karo muride
- pimpinan marang andhahane
→ Tuladhane :
- jenengmu sapa?
- omahmu ngendi?
2. BASA NGOKO ALUS
yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.
→ Titikane :
- tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
- sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
- ater ater lan panambange ora dikramakake
→ Panganggone :
- wong tuwa marang wong enom
- wong kang padha umure sing padha ngajeni
- ibu marang bapak sing kulino Ngoko
- wong sing suwe ora ketemu
→ Tuladhane :
- jenenge panjenengan sapa?
- daleme panjenengan ngendi?
3. BASA KRAMA LUGU
yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.
→ Titikane :
- basane Krama
- tembunge ora dicampur karo Krama Alus
- ater ater lan panambange dikramakake
→ Panganggone :
- wong sing durung kulina
- wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
- wong sing lagi ketemu nanging durung akrab
→ Tuladhane :
- namine sampeyan sinten?
- griyane sampeyan pundi?
4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL
yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.
→ Titikane :
- basane Krama Alus kabeh
- ater ater lan panambange dikramakake
- sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)
→ Panganggone :
- wong tuwa marang anake
- andhahan marang pimpinan
- murid marang guru
- putu marang simbahe
→ Tuladhane :
- asmanipun panjenengan sinten?
- dalemipun panjenengan pundi?
Detail jawaban
- Mapel : Bahasa daerah
- Kelas : 7
- Materi : Unggah ungguh basa Jawa
- Kode 13